Limolas januari rongewu telulas
nalika tali tresna antarane Aku lan Eki
aisyah kusumawati pedot, tali tresna kang wes ana luih saka limang tahun iku
kudu pedhot ing tengah ndalan amargo kahanan uripku kang dumadag’an owah satus
wolongpuloh drajat.
Aku kenal eki nalika aku lan
dewek’e isih ana bangku SMA, lan ana SMA iku tali-tali tresnaku tak rakit karo
dewek’e, wong tuaku lan wong tuane Eki wes podo kenal, lan ora ngiro nilika sawise lulus SMA Aku lan Eki ditunang ake.
Rong wulan sawise pengumuman
kelulusan iku, Aku lan Eki resmi tunangan,
pahargyan tunangan iku ana ndaleme R
Sartono yo iku ramane Eki.
Semingu bubar tunangan Eki
banjur budhal menyang Amerika kanggo kuliah. Mbengi sadurunge budhal Eki moro menyang omahku
saperlu pamitan karo Bapak Ibuku, jam lima sore Eki wes tekan ngomah, aku kang
lagi mulih saka jogja iku kaget ana
sedan biru parkir eng ngarep omahku.
“nembe kundur mas?”
“iya dhik, wes suwe sliramu teka?”
“ya during, nanging ya ana nek
mung setengah jam”
“kui sue jenenge!”
“piye mas wes intok kos?”
“uis dhik, yo nek karo kampus
adoh’e udakara mung sekilo!”
“ya syukur lah mas, terus kapan
mas Damar arep ngenggoni kos?”
“paling seminggu sadurunge
mlebu kuliah!”
Ora sue banjur ibu metu saka
mburi nggawa wedhang karo camilan kripik tempe kang di gawa nganggo nampan
“wis mulih le?”
“uwis bu, lha ibu nggawa
unjuk’an iku kanggo sapa?”
Kanggo calon mantu ta ya!”
“aleman, biasane lak’yo njupuk
dewe!”
“yo ra papa, wong ibu iki mau
ya bubar masak , dadi ya sisan!”
“wes bu, kanggo aku wae, mengko
eki ben nggawe dewe!”
“ya unjuk’en mas, aku ra
nyuwun!”
“ngono we nesu! Ngerti ra nek
kowe nesu tambah elek?”
“elek yo ben, nyatane kowe yo
gelem ngono!”
“heh, aku gelem yo merga
kepekso”
“wes kana adhus, wes mambu
kecut ngene, mundak ruangan sing wangi iki kena polusi kringetmu iku!”
“uwis-uwis kok malah podho udur! Koe ki lho le, kaya
bocah cilek wae!, mbok gek adhus mambu tenan!”
“mambu yo ben, seng penting lak
payu!”
“payu apane?”
“lha kui, putrine denmas
sartono sing nukoni!”
“bocah ora nggenah, wes kana
adus, malah regejegan wae!”
“inggih buuu!”
Karo menyat mlaku aku nyaut
wedang teh neng meja kang sekawit kanggo Eki
“bocah ra nggenah, wong kanggo
calon bojone malah di ombe dewe!”
“ya nuwun sewu bu, selak
ngelak!”
Bubar aku adhus, aku banjur
pamitan karo ibu lan bapak, mobil Honda jezz iku tak playok’ke ngener ing Adutirium
RRI Surakarta, ing kana ana pentas
wayang uwong dhining seniman seniwati RRI. Aku lan Eki lungguh paling mburi,
nalika gamelan wus muni lan gendhing wus di nynyek ake karo saperangan
waranggana, atiku tansaya ngluwung, katresnanku kang saiki ana sandingku arep
lunga ninggalake aku, aku kaget nilika sirah’e eki wus sumende ing bahu kiwaku,
tak lirik, eluh kang bening netes eng pojok netrane kang sayu iku, Eki banjur
mbisik’I.
“mas, metu wae yo!”
“lho ora sida nonton dhik?”
“ora wae mas, aku pingin
ngomong karo mas Damar!”
“ya wes, ayo metu wae!”
Bubar iku, aku lan Eki banjur
metu ninggalake auditorium RRI, aku lan Eki banjur menyang parkiran.
“arep menyang ngendi dhik?”
“manut mas, sing penting aku
iso ngomong-ngomong wong loro karo mas”
Mobil tak ener ake ing taman
sri wedari, ana kana aku mung lungguhan karo ngobrol
“mas, sak tenane koe tenan tresna karo aku ora to?”
“lha ana apa dhik kok pitakonmu
ngono?, nek aku ora tresna, ngapa aku gelem ditunang ake karo sliramu!”
“mas, aku sesok wes arep lunga,
lan bakal suwe ninggalake mas Damar, mas kuat
nunggu aku?”
“dhik, aku bakal netepi janjiku
iku, koe rasah kuatir yen aku bakal cidra ing janji!”
“tenan mas, Mas Damar ora bakal cidra?”\
“tenan dhik, aku bakal njaga
tresnamu nganti sliramu mulih saka amerika!”
Eki banjur ngrangkul awakku,
mripatku kang wus ora kuat mbendung eluh uga dumadag’an mbanjiri pipiku.
kemis esuk aku ngeterake Eki
ana bandara Adi Sumarmo,, tak sawang pasuryan kang ayu iku saya ayu, lan mripat
bening iku ora ndat ngetoak’ke banyu bening kang nelesi pipi semu abang iku. Udakara setengah jam banjur
ana panggilan saka operator bandara, Eki Aisyah Kusumawati wus arep mangkat.
Sewulan sawise Eki lunga aku
uga mlebu kuliah, aku kuliah ing
vakultas psikologi UGM. Ana yojo aku
entuk kanca-kanca anyar, ora mung seka jawa ananging uga saka luar jawa, Agus, Winarni, Bambang,lan retno, aku pancen gampang akrap, ora suwe aku nyatane wus akeh kanca.
ra krasa wis rong tahun aku lan
Eki pepisahan,, surat kang tak tampa saka dewek’e ngumpul akeh banget, wis ana
nek mung limolas surat. Mbengi iku aku ora biso turu amarga nembe wae rampung nggarap tugas. Kotak amplop tak bukak, siji mbaka siji surat saka
Eki iku tak waca nganti aku ngerrti-ngerti wes digugah kanca ngarep kamar, suara wong ndodog lawang
kaprungu, aku banjur nglirik jam ana meja belajar, aku njomblak kaget jebulane
wis jam wolu luwih. Aku cepet mlayu ana kamar mandi, sabubare adhus aku kaget, jebulane aku ora nggawa anduk
saking kesusune. Bubar ganti aku banjur mangkat kuliah, mobil JEZZ tak playok
ake banter, lan dumadag’an ing ngarep
rumah sakit Dokter YAP aku nabrak
trotoar amarga ngendani becak, bubar iku aku ora kelingan apa-apa maneh,
ngerti-ngerti awakku wes kaku kabeh, rasa njarem tak rasak’ake ing sakujuring
awak, lan keprungu suara ibuku kang
nangis sesenggruk’an ing sandingku.
Nalika iku aku krungu bapakku
lagi ngendika marang ibuku kanthi suara kang alon, nanging kupingku lamat-lamat
keprungu ngendikane bapak iku.
“piye keterangane dokter pak?”
“bu, gelem ora gelem, seneng
ora seneng awak’e dewe kudu nrima peparinge gusti!”
“iki ana apa to pak, kok bapak
ngendika ngono?”
“putrane dewe bakal ora weruh
padange ndonyo maneh bu!”
“opo pak, cobo balenono maneh!”
“bu, mau aku bubar saka
ruangane dokter, ujare beling kang nancep ing mripate dammar ngrusak bola
mripate, lan dokter wes angkat tangan yen kudu ngoprasi!”
:”dadi putrane dewe bakal ora
weruh pak?”
“iyo bu, nanging orasah
ditangisi, iki wis pepesthene thole! Sing sabar bu, ora apa-apa, ditampa kanthi
legawa!”
Kaya disamber bledhek awakku,
panas sakojor awak, aku bakal ora weruh sak umur urip. Rong minggu ing rumah
sakit sarjito aku banjur mulih ana solo.
Ana mobil,Sadawaning ndalan,
tak rungu ibu, lan mbak wikan mung sesenggruk’an nangis.
“uwis to bu, orasah ditangisi
terus, iki wis pesthine uripku, arep digetunono ora bakal bali maneh!”
“le, ngapa uripmu kudhu kaya
ngene to cah bagus?, ibu ora ngiro le!”
“bu, urip iku mung saderma
nglakoni, gusti ALLAH sing ngatur, ibu
ora kudhu getun, aku isa nampa kabeh iki bu!”
“iya le, nanging kepye karo
keluargane pak Sartono, lan Eki calon bojomu, apa isa nampa sliramu?”
“yen iseh gelem nampa yo syukur, yen ora yo wis bu, lahir,
jodo lan pati iku wes diatur, aku mung trimo nglakoni bu lahir batin aku legawa
bu!”
“dimas, mbak wingi entok kabar
saka kancane mbak ing singapur, sesok yen sliramu wis pulih tak ter ake
mertombo ing singapur!”
“mbak Wikan, yen aku kudhu ora
iso ndelok abang birune ndonyo aku wis trimo kok, orasah adoh-adoh mertombo!”
“dimas, koe aja ngono, wong
urip iku diwajip ake usaha, ihtiar, sapa ngerti dimas bisa mari!”
“ya wis mbak, aku manut,
nanging yen pancen ora bisa tak suwun, ibu, mbak wikan lan bapak isih gelem
nrima aku!”
Ibu tansaya banter anggone
nangis, lan bapak ana ngarep karo nyetir mobil ora gendika apa-apa.
Tekan pelataran ngomah, aku ditangisi karo rewangku
sakeloron, mbok Darmi, lan pak Karman
tukang kebon ing ngomah.
:”koe podho nangisi opo ta
mbok?”
“pripun ta mask kok saget kados ngaten?”
“uwis orasah podho nangis,
gawekno wedang jahe wae aku, wes sue ora ngombe wedhang jahe gaweanmu ta mbok!”
Tekan ngomah aku banjur lungguh
ing ruang tamu, wektu kui udakara wis jam pitu bengi, karo lungguh aku mbayangake saisine ruangan iku, karo
ngentho-entho gegambaran ing omah. ana sajroning ati aku mung nggetuni
lelakoning uripku, kedaling latiku kanyoto ora kaya rasaning atiku.
“le, arep maem ora? Yen arep
ibu pundutke!”
“ora bu, aku pengen wedhang
jahe wae!”
“tungunen tak gawekke yo le,
rasah nengdi-nengdi yen arep neng kamar matur bapak, apa kondo mbakmu ya!”
“ya bu!”
Ra let suwe ibu lunga, bapak
banjur lungguh ing sandingku karo ngelus-elus sirahku
“le, kepiye koe?”
“kepiye napane pak?”
“bapak, ibu lan mbakmu mung
sedih le nyawang awakmu!”
“pak, bapak mboten perlu kuatos
kula mboten saget nampi lelampahan menika, kathah rencang tunanetra pak, sedaya ugi saget nampi!, kula menika
tiang psikologi pak, kathah tiang ingkang nyuwun pitedah, lan sapunika kula
piambak kedah nglampahi lelampahan punika!”
“banjur kepye kuliahmu le?”
“kula badhe mbangsuli malih
pak, kula badhe mendet hukum!”
“nek ngono, kudu ngenteni
wolong sasi meneh le!”
“mboten dados menapa pak, kula
saget sinau lan mbiasaaken ndonyo kula
ingkang enggal punika!”
“sing sabar ya le, muga-muga
gusti bakal paring nugraha marang awakmu, bapak ya tak ndedongo, muga-muga isa
intuk dalan kanggo marimu!”
“iki le wedang jahene, isih
panas!”
“paringno meja kamar wae bu!”
Dina-dinaku banjur owah satus
wolongpuloh drajat, kabeh sing tak sawang sarwa ireng , srengenge kang padang
nilika awan wis ora bisa tak delok maneh padange, abang ijoning ndonyo saiki ora bisa tak dulu
maneh, foto ayu calon sisihanku saiki embuh kepriye aku ora kelingan. Minggu
esuk iku aku lagi lungguhan ana teras
mburi, nalika keprungu suarane mbok Darmi nyeluk ake aku
“mas Damar, wonten
rencang-rencang saking yojo dugi!”
“oh ya mbok, tulong cepakno
wedang wae!”
“mas Damar saget tindak ruang
tamu piambak?”
“iso mbok, aku wis apal omah
iki!”
Ana ruang tamu tak prungu
suarane bocah-bocah
“wah saiki lemu koe mar!”
“ho’o je ret, aku saiki koyo
diternak, mung mangan turu, karo sapa sliramu?”
“yo jedeg’en dewe!”
Bubar ngomong Retno banjur ana wong nyalami aku
“hayo sapa mar?” pitakone
winarni
“iki yen ora Agus yo Bambang!”
“ya seng jelas Agus apa
Bambang?”
“nek iki Bambang Win, ketara
tangane gedhe, kaya gali sarkem!”
Suarane Agus banjur keprungu
ngakak
“bener Mar, iku gali sarkem,
plus sing sok tuku jajanane! Hahahaha!!”
“bajingan koe Gus!”
Suarane Bambang semu nesu
“kepiye kabarmu Mar?”
“yo kaya ngene Mbang, kaya sing
tok delok!”
“terus kepiye kuliahmu?”
“aku arep kuliah meneh Win!”
“lho, terus arep mlebu ana
fakultas apa koe?”
“hukum wae Win!”
“wah berarti awak’e dewe ora
iso ketemu meneh bos?”
“arep nengdi to Mbang?, arep
tok jak neng sarkem?”
“koe karo Agus podho
bajinganne!”
“ya rasah nganggo nesu ta, mung
guyon ta!”
“koe karo Bambang sok neng
sarkem?”
“ora Ret, mung guyon, bambang
isih jaka kok!”
“nek Agus Mar?”
Aku during nanggapi pitakone
Winarni wis kesusu suarane Bambang kang
kawit mau digarapi Agus
“nek Agus wes ora jaka ketok’e Win!, wes kaping bola bali neng sarkem!”
“gundulmu ambleg!”
“ya rasah nesu Gus, mau koe yo
nggarapi aku aku ra nesu!”
“ra nesu kok misuh?”
“mung keceplosan wae!”
Ing atiku mung mbatin, kanyoto
kancaku iki isih podho karo mbien, yen campur kaya kucing karo kirik. Mbok Darmi
keprungu manggaak’ke unjuk’an kanggo tamu-tamuku kang wis cumawis. Rodho suwe
aku lan kanca-kancaku ngobrol ngalor
ngidhul, awan iku pancen panas segelas es jeruk kang cumawis rasane ora iso
ngadem ake suasana iki.
“wah kok yo panas banget to
awan iki, apa arep udan!”
“koe ngopo ta bu, kawit mau
gembreneng wae!”
“apa penjenengan ki mboten
kraos panas kaya ngene ta?”
“hayo krasa neng rak yo rasah
gembreneng kaya ngono ta?”
“pak, kepriye sesambungane Eki
karo Damar?”
“maksud’te ibu apa?”
“ibu emoh yen nduwe mantu Damar
sing saiki cacat kae pak!”
“hus, mbok ngendika ki dijaga
bu, ibu ki ngendika apa!”
“ngendika apa? Wes genah ta
pak, ibu ora setuju yen sesambungane antarane Eki lan Damar iki diterusake, ibu
emoh nduwe mantu cacat kaya ngana, apa alok’e uwong-uwong mengko!”
“bu, pestine Eki ta, yo uwis
orasah digetuni, saiki kepriye yen sing nglakoni Eki iku ibu?”
“yen ibu, ibu bakal emoh
nerusake sesambungane iki!”
“kuwi nek meturut ibu, lha nek
Eki during mesthi ta bu? Opo kowe tega karo anakmu dewe, medhot tresnane?”
“tega ora tega kudhu tega pak,,
ibu emoh yen duwe mantu Damar, kanggo apa wes cacat, iso ngenehi apa karo Eki!”
“buu, mbok ngendikamu ki di
tata, ora pantes yen keprungu lian!”
“rap antes yoben, wong
kasunyatane ngono arep kepriye, saiki gumantung bapak, kersa apa ora matur karo
keluargane denmas Wibowo!”
“matur seng kepriye bu, raine
bapak arep diparengke ngendi? Ibu ora kelingan wolong tahun kepungkur, nalika
keluargane dewe kena musibah? Sapa sing paring pitulung, keluargane Damar bu,
yo pak Wibowo! Opo ibu ora kelingan?”
“pak, males budineng lian iku
perlu, nanging saiki apa bapak ora isin nduwe mantu matane ora weruh kaya
ngana?”
“wes buk, rasah ndremimil ora
karuan ngono, bapak suthik mering ngendikane ibu!”
“sakarepmu pak, nanging sepisan
maneh ibu emoh nduwe mantu Damar, titek!”
“banjur ibu arep ngapa?”
“ibu arep menyang ndaleme
denmas Bowo pak, ibu arep mbalek’ake rembok yen bapak ora gelem tindak!”
“bu, mbok ojo ngawur tumindakmu
kuwi, ngisen-ngisenke tenan patrapmu kui!”
“wes ben, katimbang nduwe mantu
picek kaya Damar kae!”
“buuu, saya suwe ngendikamu
saya ora nggenah ngono to, mbok eling!”
“karepmu pak, ibu kepengen
sesambungane Damar lan Eki diwurungake!”
Bubar ngendika kaya ngono iku
bu Purwanti banjor menyat, pak Sartono
kang deleg-deleg lungguh mung biso meneng ora kemucap apa-apa maneh, ana batine mung mbatin,
denmasWibowo kang sasuwene iki wis nandur kebecikan marang keluargane kudu dicidrani
penggalihe,
“oalah pak Bowo, ngopo lelakon
penjenengan kedah kados mekaten,
kasaenan penjenengan punapa kedah kula cidrani, mboten mentala batin kula
raosipun!, ora-ora, aku ora oleh nyidrani pak Bowo, Eki ora kena pisah karo
putrane pak Bowo, mboh kepriye carane aku emoh yen ndilat iduku dewe!, aku kudu
ngabari Eki ngenani lelakon iki yen ngono!”
Pak Sartono banjur menyang
ruang kerjane ing samping ruang tamu iku, mbukak laptop lan ngirim Email kanggo
Eki ing Amerika, sadurunge ngirim pak Sartono ngirim SMS luwih disik, kang isine,
Eki kudu cepet mbukak Email kang nembe dikirim
“kirim wae laptop’e yen wes di
install jaws gung, alamate mengko tak kirim lewat SmS!”
“oh yo mas Damar, llha mas
saiki ana ngendi?”
“aku arep menyang semarang, ana
terminal tirtonadi aku saiki!”
“yo wis yen ngono, aku saiki yo
nembe ana semarang, mas arep tindak ngendi semarange?”
“aku arep menyang banyu manic!”
“yo yen ngono mengko laptop
penjenengan kula dugek’ke mrika kemawon!”
“hyo wes, malah gebeneran,
selak kepengin nganggo laptop anyar je, yow is, iki busku wes arep mangkat!”
“bubar nutup telfune Agung aku banjur munggah bus jurusan semarang, wes ana rong wulan aku menyang ngendi wae dewe, ora di ter ake mbak Wikan, utawa bapak maneh. Awan iku, suasana ing terminal tirtonadi pancen panas, nanging sawise mlebu bus, rasane adem, bus AC kang tak tumpak’I banjur mlaku ninggalake kutho solo, mlebu terminal mboyolali aku ora lungguh dewe maneh, ana priyayi putri kang lungguh ingbangku sandingku.
“arep tindak ngendi mas?”
“arep menyang semarang bu!”
“kok bu to mas, aku iseh enom
lho!”
“oh, yo nuwun sewu mbak, name
mbak sinten?”
“jenengku Hanum mas!, lha yen
mas sinten?”
“aku Damar mbak, mbak arep
tindak ngendi?”
“tindak semarang mas, lha mas
Damar uga semarang ta?”
“inggih mbak!”
“semarange ngendi mas?”
“aku arep menyang bon mundu
mbak, ana acara neng kana!”
“wah padha yen ngono, aku yo
arep menyang kono, Bon Mundune ngendi mas?”
“SLB Negri mbak,, lha mbak hanum?”
“nek aku daerah pasar kambing
mas!”
Telung jam aku ngobrol karo
dewek’e, ora krasa wus tekan Banyu Manik, aku lan Hanum banjur mudun saperlu ganti bus.
“mas dammar rencang penjenengan
kiro-kiro suwe ora?”
“aku yo ora ngerti mbak, mau
peseni mung kon ngenteni ing kene!”
“yo yen ngaten ditunggu wae!”
“mbak Hanum yen badhe rumiyen
mboten menapa kok, kula tak nenggo rencang kula piambak mawon!”
“nggih mboten ngaten to mas,
tujuan kula lan panjenengan lak sami
to?”
Stengah jam aku nunggu tekane
Agung, nalika iku jam udakara wis jam papat sore, rame kutho pinggiran semarang
iku kaya ramening atiku kang wiwit mau tansah mikirake ngendikane ibune Eki yo
bu Purwanti telung ndina kepungkur, ing ngarepku bu Purwanti ngendika yen
sesambunganku karo Eki kudu wurung, ajur rasaning atiku, kanyata
pangangen-angenku iku dadi kasunyatan, keluargane pak Sartono wes ora gelem
nduwe calon mantu aku maneh, lelamunanku ambyar nilika kenyo kang lungguh ing
sandingku njawil pundakku.
“hayo nglamun yomas?”
“ah mboten kok mbak, mung kesel
wae paatang jam lungguh!”
“rasah ngapusi ta mas, aku
ngerti kok, galau yo mas?”
“alah mbak, kaya cah psikologi
wae penjenengan ki!”
“pancen iyo kok mas, aku pancen
cah psikologi!”
“mugakno kaya dukun!”
“asem mas dammar ki, mbok ojo ngono ta, padakke eang
Subur wae!”
“dudu eang Subur mbak, nanging
uti Hanum!”
“wuuuuu mas Damar ki ndagel,
nek mas kuliah, apa pun nyambut damel?”
“aku mbiyen kuliah mbak, podho
kaya mbak, psikologi uga, nanging aku kecelakaan banjur ora nerusake maneh!”
“lha mas saiki terus kegiatane
apa?”
“ngewangi kegiatan organisasi
Diffabel mbak!”
“mbok aja mbak ngono ta, jeneng
wae mas, ben akrap!”
Ora suwe keprungu klakson
mobile agung, suara cempreng iku banjor tak rungu
“nuwun sewu mas, radi telat mau
seka seminar metune wes meh jam telu!”
“yo ra apa-apa Gung, iki
kenalke disek!”
“wah pacar ao mas?”
“pacar gundulmu kuwi!”
Agung lan Hanum banjur padha
kenalan
“mas aku ora iso sue, merga aku
arep njemput ibu ing bandara, iki laptop’e mas Damar wis tak install Jaws
mengko yen iseh ana kurange mas telfon aku wae!”
“yo matur nuwun nek ngono, kudu
mbayar piro ki aku?”
“nginstal Jaws’e rasah mas,
mung mbayar bensin, karo ngganti tuku laptop wae!“
“”piro aku nggantine?”
“laptop wolong yuto, bensin
nembelas yuto mas!”
“kok laptop karo bensin akeh
bensine? Mobilmu kui tangki kapal barang to?”
“hahaha guyon mas, ya laptop
iku swolong yuto!”
“ya mengko tak transfer neng
rekening mu yo!”
“siap bos, wes mas, aku pamit!”
Karo ngomong ngono Agung isih isa-isane nggarapi
aku, ujare
“mbak hanum titip yo, ojo
diilangke kancaku!”
“ora mas agung, tak jagane!”
“bocah gendeng tok tanggapi to
mbak!”
“mbak meneh to mas Dammar iki!”
“yo nuwun sewu, kesupen mbak Hanum!”
“rasah nganggo mbak mas!, mas,
iki wis sore lho, nek mas tindak Bon Mundu saiki wis ora ana kendarakan meneh,
mending mas tindak omahku disek mengko ben diterake sopirku!”
“walah malah ngrepoti njenengan
to mbak hanum!”
“mboten denmas Damar!”
“kok nganggo denmas?”
“lha mas yo nggango mbak je!”
Ra let suwe jemputane Hanum
teka. Aku ora langsung ing tujuanku sekawit, nanging diampirke ing ndaleme
Hanum ing daerah pasar Kambing.
“mas iki omahku, nuwun sewu
elek yo!”
“wah ojo ngono mesakne bapak
ibuk le ndamel to!”
“hahaha iyo ding, mas lungguh
ana ruang tamu sik yo, mengko bubar magrib ben dterake pak min neng Bon Mundu!”
Aku banjur lungguh ing ruang
tamu sawise hanum mlebu, ra suwe hanum metu maneh karo manggak’ake wedang
kanggo aku
“mas Damar, iki ana unjukan
dunjuk disek ya, aku tak nglebok ake tas
disek!”
“oh yo Han, ra papa kok!”
Ing ruang tamu iku aku lungguh
karo batinku tansah iseh mikirake nasip tresnaku kang emboh kepriye wusanane
iki, bu Purwanti telung ndina kepungkur teka ing ngomah, ana ngarepe ibuku
ibune Eki iku ngendika
“Bu parsih, saderenge kula
nyuwun pangapunten ingkang kathah, sowan kula punika badhe rembag’kan bab
sesambungane putra kula lan putra penjenengan bu!”
“Bu Pur, kula panci sampun
nduga, njenengan gbadhe tindak dalem kula, ngrembag bab sesambungan Damar putra
kula lan nduk Eki putri penjenengan!, Bu Pur, kula namung sumangga panjenengan lan
kluargi Sartono kemawon, kawontenan panci kedah kadhos mekaten, kula ugi saget
nampi punapa tindak penjenengan!”
“bu Parsih, kula punika mung
saderma dados ibu, lan engkang nglampahi bebrayan punika Eki, lan sedaya wau
kula namung manut kekajenganipun lare kula!
“inggih bu, kula mangertos kok,
sinten ta engkang kerso nampi tiang cacat kados putra kula punika!”
“Bu Parsih, sepindah malih kula
nyuwun pangapunten, kula pribadi mboten purun, ananging Eki wangkal bu!”
Keprungu iku rasaning atiku
ajur, remuk, dadi sawalang-walang, nanging arep dikpiyekke maneh, nasip
tresnaku kudu kaya mengkene, arep dipeksa ora bisa! Aku kudu nglalek’ake Eki,
Eki dudu jodoku.
“jodo iku wis ana sing ngatur
le, rasah digolek’I bakal yen wes pesthine teka dewe!”
“inggih pakdhe, kula nggih
mangertos!”
“lha terus kepriye
sesambunganmu karo putrine Denmas Sartono?”
“sampun wonten sewulan punika kula mboten wonten sesambungan malih
pakdhe!””
“Denmas Sartono iku pancen wong
kang ora bisa mbales kabecikaning lian!”
“maksudte pakdhe rozani?”
“le, denmas Sartono iku udakara
wolong tahun kapungkur meh wae dadi wong mlarat, amarga usahane batik ambruk
merga kapusan!, yo bapakmu iku kang ngewangi nutup utange denmas Sartono iku!”
“dados Eki dijodok’aken kalih
kula namung kangge males budining bapak, mekaten pakdhe?”
“aku ora ngerti le, naanging
sabubare kedadean iku, sesambungane bapakmu lan denmas Sartono saya raket!”
Ing batin aku mung ngroso mesak
ake karo Eki, kanyoto tresnane mung
lamis, tresna kang tak gadang tulus iku kanyoto mung kembang lambe, manis ing
lathi nanging pahit ing ati! Keparaaaaat!
Ing semarang aku ana yen mung
seminggu, aku nginep ing ndaleme pakdhe Rozani, pakdhe Rozani kang kapernah
tunggal sepuh’e bapak iku menehi pangerten crita-crita ngenani sesambungane
antarane bapak lan keluargane denmas Sartono. Bali saka semarang aku ora
langsung menyang solo, ananging aku menyang yojo. Neng yojo aku nemoni putrane
pakdhe Rozani, David jenenge. Tekan kos-kosane David aku langsung nyritak ake
apa kang tak krungu saka bapak’e David yo pakdhe Rozani
“lha terus karepmu piye dimas?”
“aku pengen males kabeh
tumindak’e keluargane denmas Sartono kangmas!”
“dimas Damar, meturut
pamawasku, ora perlu dimas nduwe roso kaya mengkono, mengko yen wes jatahe
kabeh mau bakal ana piwalese dimas!”
“nanging aku rumangsa dingo
dolanan kangmas!”
“aku ngerti dimas, nanging
upama mengkone dimas nganti nggunak’ake dalan kang nerak ukum apa bisa
rampung?, wis dimas mengko aku sing mlaku, dimas ra perlu cawe-cawe!”
Rasa mangkelku karo keluargane
Sartono wes ora bisa dibendung maneh, pangiget-igeting atiku kudu-kudu kepengen
nunjemake peso ing dadaning priyayi kang wis tak anggep bapakku dewe iku.
Sewengi aku nginep ing kos-kosane David, udakara jam wolu esuk aku pamit arep
mulih ing solo, rasa atiku kang isih umup iku kemudu tekan ndalem Wibawan, ya
omahku, aku diterake kangmas David tekan terminal Giwangan, rong jam saka
yojo aku banjor tekan ngomah, awan iku
ngomah sepi, sing ana mung mbak wikan, lan rewangku pak Min lan Mbok Darmi!
“seka yojo jam piro dimas, kok
yah men ewes tekan ngomah?”
“sak jam-jame mbak!”
“kowe ki ana apa ta, datakoni
mbakyune apik-apik kok malah suarane sengol kaya ngono!”
“wes mbak,k aku arep neng
kamar, mengko yen bapak kundur aku
digugah, aku arep turu ngantuk!”
“dimas, kowe ki kelebon demit
ngendi ta?”
“demit alun-alun mbak!”
Bubar clathu kaya mengkonno aku
mlebu kamar, lawang kamar tak banting sak kuatku, suara mbak wikan kang
bengok-bengok ana njaba ora ta gagas.
“ra nggagas, karepmu ki piye
bu?, tumindakmu iku wes gawe kuceme bapak, ngerti ora kowe ki?”
“kucem endi yen bapak duwe
mantu ora weruh dalan kae?”
“aku luweh seneng nduwe mantu
ora weruh dalan, katimbang duwe mantu ora weruh tata krama kaya Anton calon
mantumu kae!”
“bapak luweh seneng nduwe mantu
ora weruh dalan ta? Seneng yen anakmu nangdi-nangdi nuntuni wong picek!”
“buuu, koe pancen wes kelebon
demit, sing ana pikiranmu mung kadonyan lan kadonyan! Keluargane dewe luweh
saka cukup bu, ibu isih kurang?”
“ibu ora mikir bondo pak,
nanging opo yo iyo keluargane awak’e dewe nduwe
mantu ora weruh dalan kaya Damar kae?”
“isin kanggo apa?, banjur ngapa
mbiyen ibu ora isen ngemis neng keluargane denmas Bowo nyuwun pambiantu duit
samana akehe?, ibu kudune bisa mikir tekan semana, kepriye pangrasane denmas
Wibawa saiki!”
“pak, ibu sepisan maneh emoh
duwe mantu Damar Jati Supajar!, nduk Eki arep tak jodo’ake karo Anton!, wis
wiwit mbiyen ibu ora setuju bab jejodoan iki nanging bapak mekso wae!”
“apa kandamu bu? Mekso? Sapa
sing meksa tak takon! Apa ora ibu sing nglenik’I Eki supaya cedak karo Damar?
Ibu ora kelingan?”
“ibu kelingan pak, nanging ibu
wis suthik yen kon duwe mantu Damar!”
“sakarepmu bu, aku ora melu
nanggung yen ana apa-apa ing tembe mburine!”
Mburi mas, keprungu suara’ne
kondektur bus trans jogja ndadek ake lamunanku ambyar, aku awan iku arep
menyang kampus, ya, aku wis kuliah maneh dudu neng fakultas psikologi nanging
ing fakultas hukum ana UGM, ing yojo aku nunut turu ing kontrak’ane David! Lan
awan iku nalika aku lagi ana trans jogja dumadagan ana telfon, seka suara Talks
kang tak install ing hp iku keprungu suara Talks kang nuduh ake sapa kang
manggil, Eki telfon, rasa atiku mamang, antara arep tak angkat apa ora, yen tak
angkat apa kanga rep tak omongake, sasuwene patang wulan luwih aku ora nate
sesambungan maneh, nanging amargo risih geter hp ku iku hp banjur tak angkat
“halo mas dammar!”
“halo dhik
, tumben telfon?”
“iyo mas, ora oleh aku nelfon?”
“yo oleh, sapa sing ora oleh!,
nembe apa sliramu?”
“iki nonton TV, lha mas arep
tindak endi, kok rame banget?”
“arep kuliah dhik!”
“mas Damar wis kuliah meneh?”
“uwis dhik, wes aentuk sak semester!”
“njukuk apa mas?”
“hukum dhik, kepriye kuliahmu,
lancer?”
“alhamdulilah mas, paling
seminggu meneh aku mulih, pengen mulih kangen karo ngomah, yo karo mas Damar!”
“oh, tak tunggu oleh-olehe yen
ngono!”
“oke siap my baby!”
My baby, tetembungan apa kang
tak krungu iku ora salah? Eki isih nyeluk nganggo tembung iku.
Seminggu saka telfon ing trans
jogja iku iki pancen bener bali, kabar baline iku tak mangerteni saka denmas
Bagyo yo kangmase Eki, awan nalika aku lagi lungguh ing loby kantore bapak
denmas Bagyo kang sasuwene iki dadi konco bisnis bapak nyedak’I aku
“wah kok mung dewe dimas?”
“iyo kangmas, bapak nembe rapat
mau, lha kangmas bagyo tindak rene ana keperluan aapa?”
“biasa dimas, bisnis karo
ramane dimas Damar, oh yo dimas, Eki mulih seka Amerika dimas uwis ngerti?”
“during kangmas, lha kapan Eki
mulih?”
“nembe wingi, dimas arep sonjo
neng ngomah? Mengko tak jemput ana ndalem yen kepengen tindak ngomah!“
“ora kangmas, matur nuwun!”
“yow is, dimas aku tak disik
yo, aku tak nemoni bapak disek!”
“oh yoh monggo kangmas!”
rong ndino bubar patemonku lan
Bagyo iku Eki moro menyang omah, aku kang lagi mbukak FB ana kamar kaget nalika
aku ngambu wangi parfum kang ora bakal bisa lali sasuwene iki, nanging aku mung meneng ora
nyaruwe tekane Eki iku, nanging suara manis kang wis ana udakara telung tahun ora keprungu iku dina iku aku krungu maneh, ing batin aku mung
nelongsa ewo kuciwane Eki weruh
kahananku saiki, suara kang manis iku tak krungu karo nggugruk nangis, duh
gusti, lelakon apa iki, cpriyayi ayu kang mbiyen tau dadi calon sisihanku iki
saiki lungguh ing sandingku, nanging saiki aku wis ora bisa ngapa-ngapa maneh,
rupa ayu, iku wis ora iso tak sumurupi maneh, ing njero ati rasane pengen
njerit, pengen mbengok, nanging apa
“mas Damar, nembe
apapenjenengan?”
“biasa dik, yo kya ngene
kesibukanku saiki, karo sapa sliramu teka?”
“dewe mas, mas dammar pengen
dahar oleh-olehku ora?”
“mengko wae dik, paringna meja!
Piye kabarmu saiki dik?”
“yo apik mas, mas dewe?”
“yo kaya sing tok delok dik,
aku wis ora bisa ngapa-ngapa meneh, aku saiki mung ana ngomah, kuliah, aku dudu
Damar sing tok kenal telung tahun kapungkur dik!”
“mas, jan-jane aku wis krungu
kabare mas Damar sewulan bubar mas kecelakaan, aku dikabari bapak!”
“terus?”
“wektu kui aku sok mas, aku
kepengin mulih, nanging karo bapak ora diparengake, lan nembe saiki aku bisa
tilek penjenengan, ngapuranen aku yo mas!”
Eki banjur ngrangkul aku,
ngambungi pipiku, aku mung isa meneng,
ora ngerti apa kang kudu tak tindak’ake, tahun-tahun kapungkur yen Eki kaya
mengkene, aku mesthi ngaras pipi kang alus iki, nanging apa saiki arep tak
baleni!
“mas, penjenengan wes ora
tresna karo aku?”
“dik, koe ngerti dewe, kudune
pitakon iku sing takon aku, dudu awakmu!”
“mas Damar, apa anane mas Damar
aku saguh nampa, aku gelem dadi sisihane mas, aku mung kenal tresna yoiku
tresnane mas Damar, mas Damar tresna sepisanku mas!”
“dik, tali tresna iki kudu
pedot, kluargamu ora bisa nampa kahananku saiki dik!, arep dikepiye, ngendi ana
wong tua kang gelem nduwe mantu cacat kaya aku iki!”
“mas dammar aja ngendika kaya
ngono, aku wes ngerti kabeh crita dina-dina kapungkur, ibu pancen ora sarujuk
mas, nanging bapak tetep gelem nrima mas Damar kanthi legawa!”
“kui bapakmu dik, nanging ibu?”
“mas, ibuku kae mung ibu
sambungan, ibu sing nglahirake aku wis seda nalika aku nembe umur setahun, lan
mas Bagyo iku yo mas nanging dudu mas kandungku, dadi ora ana alesan kanggo
nduo kekarepane bapak!”
Krungu tetembunganne Eki kang
pungkasan iku kaya disiram banyu sewindu rasane, nanging banyu iku rasane
panas, banjur kepriye mengko Hanum, aku wes sesambungan Tresna karo Hanum,
saiki Eki ndadak bali ngucik tresna lawas kang sedyane pengen tak pendem jero iku!
Awan iki kutha ngayogyo rasane
panas banget, kebul-kebul kang ngebak’I dalan nambahi panas suasana awan iki,
bubar saka kuliah aku langsung bali menyang ngomah, ngomah sepi, David during
bali saka kantore, bubar nguculi sepatu aku lungguh ana emperan, ora sue
keprungu mobil mandek ana pelataran omah
“nembe kundur mas?”
“oh sliramu dik, ana apa kok
ora ana angin tekan yojo?”
“ana mas, angin rindu saka
solo, iki kok sepi, mas david during kundur?”
“during dik, mas David saiki
rada sibuk amarga bubar ana kasus cebongan, mas David kabare arep ditarik
menyang MABESPOLRI wulan ngarep!”
“lha apa mas David kena kasus
iki mas?”
“ora ngerti aku dik, sing jelas
mas David iku melu mindah tahanan saka polda menyang Cebongan, banjur emboh
kepriye aku mung krungu kabar yen mas David arep dimutasi menyang MABESPOLRI!”
“oh, mas david arep dahar ora,
iki mau aku masak terik karemane mas Damar!”
“walah dik, ngrepoti iki
dadine!”
“ora kok, biasa to mas!”
“yo nek dik Eki ora kabotan
sesuk gawakno, soto solo, timlo, karo
sega liwet yo!”
“siaaap mas!”
Karo ujar ngono Eki ngambung
pipi kiwaku. Awan kang panas iki ora krasa dadi adem ana Eki ing sandingku,
nanging kepriye karo Hanum, kenyo kang wis rong wulan ngisi atiku iku apa
mental atiku yen tak cidrani! Lelakon, lelakon ngapa lelakon uripku kaya ngene,
duh gusti paringana kula pitedah, nalika lagi enak-enak mangan dumadag’an HP
muni, Talks ing HP muni, jebul Hanum sing telfon, kanthi ngati-ati supaya ora nyubriani
Eki, HP tak angkat
“halo mas Damar!, nembe apa?”\
“nembe maem dik, dik Hanum wis
mulih kuliah?”
“during mas, nembe arep tumbas
baju kanggo ponak’an, mas Damar pengen dipundutke ora?”
“oral ah, neng omah wis akeh
dik!”
“nek maeman piye? Mengko tak
terake ana ndalem?”
“alah ora usah dik, mas nembe
maem, mengko yen ora ana sing maem piye jal? Mubazir ta?”
“ya nggo mas David tam as!”
“mas David nembe ana kantor,
paling kundure mbengi!”
“ya uwis nek ngono, aku tak
blanja disik yam as, mesakne Ibu wis nunggu!”
“ya dik, ati-ati nek mulih ya,
ja lali salam kagem ibu!”
Bubar nutup telfon Eki takon,
rada glagepan anggonku mangsuli
“saka sapa mas?, kok kayane wis
akrap banget?”
“kanca kuliah dik!”
“kuliah apa kuliah mas?”
“kuliah dik Eki, wis to rasah
sujana!”
“ora sujana mas, mung pengen
ngerti, mosok calon bojone ora pareng ngerti!”
Sewulan bubar patemon sore iku atiku tambah ruwet, aku kudu milih
antarane Eki karo Hanum. Hanum kang tak
tresnani luih saka limang tahun iku pancen ora bisa dilalek ake ngono wae,
nanging Hanum kang sasuene iki tansah nglipur atiku, apa kudu tega tak larani
atine? Dina-dina mung anane mung mamang, endi sing kudu tak pilih Ekiapa
Hanum!.
Sasuene Eki mulih saka Amerika
sesambungan antarane keluargaku, karo keluargane Denmas Sartono uis kayabali
kaya sekawit, rasa tentrem kudune tak rasa ake, esem manis kang tansah tak
umbar nalika sonjo ing ndaleme Eki kanyata ora jumbuh kaya rasane ati. Ing
atiku mung tansah ana Hanum, arep dikepiye wae Hanum iku katresnanku, pancen
urip iku pilihan, lan saiki aku uga kudu milih, Hanum apa Eki, lan keputusan
iki kudu cepet sadurunge Eki bali menyang amerika.
Malem minggu iku pancen aku
sengaja ora mulih solo, amarga aku pengen ketemu karo Hanum. Jam pitu
bengi ana sepeda motor metik teka ya iku Hanum. Sawise lungguh aku
langsung ngujarake apa kang dadi rembugku sekawit, yen aku pengen ngerti sepira
tresnane Hanum marang aku!”
”dik, sadurunge aku njaluk
ngapura ya, yen wes ngrepoti sliramu!”
“ora mas, aku mau kuliah ya
mulih awan kok, lha ana apa mask ok ndadag banget penjenengan pengen ketemu,
kangen pa?”
“kangen yo pancen kudune dik,
nanging iki ana rembug sing kudu tak omongke karo dik Hanum!”
“sajak’e wigati banget tam as?”
“ya dik, aku pengen takon karo
awakmu, tresna tenan ora sliramu karo aku?”
“wis kaping pira mas
penjenengan takon bab iku?” lan ping pira aku njawab yen aku pancen tresna karo
mas Damar!”
“dik, yen pancen koe tresna
tenan wulan ngarep koe tak lamar!”
“tenan mas? Nanging yen wulan
ngarep kayane during bisa mas, amargo putrane om Sartono sing nembe mulih saka
Amerika uga arep nikahan!”
“om Sartono sapa dik?”
“iku mas adine bapak kang
lenggah ing solo, putrine nembe mulih saka Amerika!”
“putrine ommu sapa jenenge
dik!”
“dik Eki mas!”
krungu jenenge Eki disebut
Hanum mau aku banjur ora ngerti apa-apa maneh!
TAMAT
0 komentar:
Posting Komentar