Selasa, 09 April 2013

NASIP TRESNAKU

Standard



Limolas januari rongewu telulas nalika tali tresna antarane Aku lan   Eki aisyah kusumawati pedot, tali tresna kang wes ana luih saka limang tahun iku kudu pedhot ing tengah ndalan amargo kahanan uripku kang dumadag’an owah satus wolongpuloh drajat.
Aku kenal eki nalika aku lan dewek’e isih ana bangku SMA, lan ana SMA iku tali-tali tresnaku tak rakit karo dewek’e, wong tuaku lan wong tuane Eki wes podo kenal, lan ora ngiro nilika  sawise lulus SMA Aku lan Eki ditunang ake.
Rong wulan sawise pengumuman kelulusan iku, Aku lan Eki  resmi tunangan,  pahargyan tunangan iku ana ndaleme R Sartono yo iku ramane Eki.
Semingu bubar tunangan Eki banjur budhal menyang Amerika kanggo kuliah. Mbengi  sadurunge budhal Eki moro menyang omahku saperlu pamitan karo Bapak Ibuku, jam lima sore Eki wes tekan ngomah, aku kang lagi  mulih saka jogja iku kaget ana sedan biru parkir eng ngarep omahku.